TENTANG SUGENG

TENTANG SUGENG

:girl:YATMI : "Arep nang endi kang..?"
:boy:YATMO : "Nggoné Sugeng, deso sebelah.."
Image result for jawa sugeng
Ora let suwé, YATMO wis balik ngomah menèh :house_with_garden::walking:

:girl:YATMI : "Kok cepet banget to kang, opo wis ketemu Sugeng...??"
:boy:YATMO : "Durung... aku yo durung tekan ngomahé, Sugeng lagi lungo..."
:girl:YATMI : "Piyé to kowé ki kang, durung tekan ngomahé kok ngerti nèk Sugeng lagi lungo.."
:boy:YATMO : "Iyo... nang gapura bates désa ditulisi SUGENG TINDAK..."

:baby:Si KUNCUNG anaké krungu:baby:

:baby:KUNCUNG : "Sugeng sampun kundur pak.."
:boy:YATMO : "Kowé ngerti dikandani sopo..?"
:baby:KUNCUNG : "Dateng balé dusun dipun serati SUGENG RAWUH."

:older_woman:Si Tiwik adiné Kuncung melu ngandani bapaké

:older_woman:TIWIK: "Jané niku Sugeng wau mirengké bapak ngendikan lho pak.."
:boy:YATMO: "Ngertimu soko ngendi..?"
:older_woman:TIWIK: "Lha kulo nyetèl radio criosipun SUGENG MIDANGETAKEN!"

Sak omah Gemblung kabèh.... :smile::smile::smile::smile::smile: Nanging saestu ingkang maos punika tiyang warass :laughing::laughing:
SUGENG SIANG, KONCO KONCO.:pray::pray::grinning:

0 Response to "TENTANG SUGENG"

Post a Comment